Senin, 16 Agustus 2010

Kelingan Dragonball







Jaman cilik tontonane krasane saking apik-apike. Apa maning nek nontoni film-film kartun,,,wah rasane kaye mangan duren Thailand.

Isih kelingan menyen ana film sing jenenge Dragonball. Film sing diputer nang Indosiar menyen nek nonton rame-rame karo kanca-kanca cilike enyong.
Nek uwis jam setengan sanga dinane minggu ye nyetele Indosiar ora ana liyane. Nontone nang gone TV ne kancane, nganti kebek jubel-jubel  sekang ngarep TV geduk pinggir lawang.
Dragonball gue lakone sing paling tak senengi yaiku Songoku, sing duwe jurus kame hame.
Biasane ceritane saking nggeregeti,
masalahe ceritane digawe dramatis. Nek pas agi tarung ceritane digawe suwe, padahal ye mukur tarung tapi digawe dramatisir sehingga terkesan sing gawe golet untung akeh banget.
Aku nonton film iki ket pas jaman agi sekolah nang MI kira-kirane agi pas kelas 3.
Ceritane dimulai seka Goku agi cilik. Goku di ingu Kakek Kura-Kura. Cilikane GOku diajari silat nganti nduwe jurus kame hame. Cilikane goku nduwe kanca jenge Krilin, Yamca karo Bulma. Terus isih ana kanca sing perawakane kaye kewan.
Cerita selanjute pas goku remaja. GOku tambah mantap juruse, tambah ampuh juga mungsuh-mungsuhe. Mungsuh-mugsuhe mulai teka sekang luar bumi, salah sijine sing terkenal yaiku Bejita karo Pikollo.

Cerita selanjute pas Goku wis nikah. Mungsuh-mungsuhe ora kalah berat karo fase pas remaja. Kehebatane diuji pas dikon ngehadapi mungsuh-mungsuh seka luar angkasa sing arep gawe onar nang bumi. Pas fase iki Goku nduwe anak sing jenenge Gohan. Anake ora kalah ampuh karo bapake. Gohan bisa dadi moster nek anak sinar bulan, nek pas wis kaye iku ye owislah ora ana sing bisa nandingi.

Fase selanjute yaiku fase Gohan wis gede. Perane Goku karo bejita wis mulai dikurangi, cara-carane ganti peran lah. Sing menyen Goku saking dominan diganti karo Gohan, Bejita perane diganti nang Trunk.

Gohan karo Trunk kerjasama go ngancurena mungsuh-mungsuhe. Setting pas fase maine anak-anake Bejita karo Goku iku akeh pas nang luar angkasa.

Ikulah film sing sering tak tonton pas cilik. Tapi bocah-bocah siki ketone wis pade bosen karo film sing kaye keye. Ye ora papa lah setiap jaman memang ana trend ne dewek-dewek. Pas cilikanku ye iku nonton Dragonball

2 komentar:

  1. njijihi lah,blok mahasiswa kaya iku,ra mutu bangettttttttttttttttt

    BalasHapus
  2. Komentar ini telah dihapus oleh administrator blog.

    BalasHapus

No Porn, Racism, Sadism

Makan Bersama di Lombok Namanya Begibung

     Halo, teman-teman! Kali ini saya mau berbagi pengalaman saya yang pernah mendapat undangan makan dari teman dalam rangka maulid nabi. A...

Populer, Sist/Broo