Rabu, 16 Maret 2011

Blanja Nang Kutowinangun Kebumen, Bolak-Balik

translate yang tidak mengerti silakan gunakan google translate. pilih bahasa ngapak kebumen ke bahasa Indonesia
-----------------------------------------------------------------






perlintasan kereta api kutowinangun
Pada waktu itu kalau gak salah hari minggu kalau tanggal sih udah lupa.  Isuk isuk gue nyong dikon kon cepet-epet ados. Masalahe nek mangkate awan mbok mengko udan. Ye wis lah rapa. Sekitar jam sanga nyong ngonekna montor nggo manasi men mlayune enteng. Bareng wis panas ye langsung lah mangkat.
toko mantep kebumen
Dalan sing tak liwati rutene desane nyong bareng guwe mengedol liwat kutowinangun, Bareng wis tekan dalan gede motore tak penggokna ngulon yeguwe nang tugu. Totale waktu sing dibutukna nggo mlaku seka ngumah genduk Kebumen sekitar seprapat jam. Bareng tekan bumen ngong langsung meng toko Mantep. Ibune nyong arep tuku pupur omenge, lah pupure nang umah wis entek ya biasa lah nek pengawai negeri nek  wis tanggal nom mesti lungane mung blanja, ye wajar embok ya.
Asem banget, pas mlaku nganggo montor malah dalane pada mberegenjul ora genah. Dadi marakna bokonge kesemuten. Asem tenan. Apa anu agi udan pa ye, dalane pade njelegong. Mbok sengerti ku lah anu wis suwe malah nang dinas PU (kae wong sing tukang ndandani dalan sing rusak) ora di deleng-deleng. Lewih maning dalan kono (dalan lintas kidul jawa) akeh banget trek-trek gendeng gede  mloka-mlaku kaye setrika ora ana mandek madeke. Ora kaye Jakarta ibukota negara iki sing dalane alus-alus. Tapi ye walopun jakarta alus tapi ye isih akeh sing ngelu omonge isih akeh sing pade njelegong soale tingkat tabrakan gede. Karo omonge wong mati sing seka tabrakan kendaraan guwe akeh gara-garane salah sijine dalane rusak. Ye kaye ikilah urip mesti ana kekurangane terus. Manungsa pancen gue tempate wong kekurangan. Kekurangan gue ye ora mandang status mulai sekang status sosial cilik genduk status sosial gede. Wong status sosial duwur sing nduwe Honda Accord mesti isih ana angen-angen arep tuku Mersi. Sing Nduwe Mersi siji isih kepengin nduwe mersi loro, telu, papat, lah tekan seudel-udele nganti ngebeki dunia ye ra mesti puas. Iye Mbok...Lah sing wong mlarat cengkerat alias wong status sosiale semrutu nduwe pit siji kepengin nduwe pit loro, wis nduwe pit loro kepengin telu, papat nganti sekalian gudange pit di nduweni ye mesti isih ana kekurangane. Lah wong negara bae ben nganti serba kekurangan. Contone USA (nek maca aje diwalik ya, ngko saru) sangertiku kan negara gede sing nduwe kuasa, duite akeh wong-wonge pinter-pinter (termasuk pinter nipu mbok) ben isih akeh kurange. Amerika kan siki agi nggolet lenga nggo mbakar mesin-mesin sing nang benua seberang kan. Omonge nganti mbakari umahe wong liya ye nang Afganistan lah apa nang Irak lah, nyong krungu-krungu siki omonge agi nyiapena nggo nyerang Libya, kae negara sing nang Afrika sing nduwe lenga, ye lumayan akeh lah walaupun ora akeh-akeh banget.
Halah kok judule lunga meng pasar tapi kok malah kesasar mbahas negara ya, hadoh hadoh. Ye men lah wong agi sempet kepikiran sing kaye ngono kon kepriben maning. Pasar ye ora adoh-adoh sekang kana mbok. Ye wis lah di lanjutna maneng tanganku kiye wis pegel ngetik ujare apa.

Agi ibune Nyonk mlebu tuku nang njero nyong nunggu nang njaba nyjagong lah nah nang motor nang parkiran. Ye suwe sih sekitar sepuluh menit nyong nunggu kemleker  nang ngisor srengenge. Ye wis lah ora papa ketimbangane nek di tinggal mengko malah mbayar mendingan nyjagong bae lah nang parkiran. Bareng sekitar sepuluh menit ibune nyong metu sekang toko. Bar guwe terus langsung bali. Sebenere nyong wis ngomongi kon tuku bae nang Kutowinangun, kan malah lewih perek tapi omonge nang Kutowinangun sing dituku ora ana.

tawar menawar di Pasar kutowinangun kebumen jateng

Pasar kutowinangun kebumen jateng

Pasar kutowinangun kebumen jateng
Pasar kutowinangun kebumen jateng
Bareng wis rampung ye bali maning, ujarku ye kon mengendi disit malah ibune ora gelem. Bareng bali liwate pasar kutowinangun. Nang kono manndek sedela nggo tuku jajanan. Nyong kelalen sing dituku apa ye lumayan lah timbangane ora tuku apa-apa.  Bareng wis sepuluh menit nek ra salah lan karo bagasine uwis  kebek ye langsung bali mengumah.
Tugu kutowinangun kebumen jateng
Pasar kutowinangun kebumen jateng

4 komentar:

  1. betul-betul. apalagi kalo ibu-ibu . hmm itu paling demen sama belanja

    BalasHapus
  2. I love Kutowinangun.. my hometown.. even i was born in Jakarta..

    BalasHapus
  3. @elevdale, sami-sami mas/mbak kulo nggih tresno kalih griyo kelahirane kulo. njenengan kutowinangune pundi

    BalasHapus

No Porn, Racism, Sadism

Makan Bersama di Lombok Namanya Begibung

     Halo, teman-teman! Kali ini saya mau berbagi pengalaman saya yang pernah mendapat undangan makan dari teman dalam rangka maulid nabi. A...

Populer, Sist/Broo