Jumat, 08 Februari 2013

On The Sky

Pas biyen, lagi lunga-lunga nang luar daerah, Nyonk lewih akeh nunggang montor mabur ketimbang angkutan liyane. Sing dogoleti nganggo montor mabur ye cepete kui. Nek ora cepet ye nggolet liyane. 

Pas mabur mesti is weruh apa bae nang nduwur. Delengane guwe maen-maen. Pokoke ora bakal rugi lah, lungan nganggo montor mabur. Apa maning ana sing mbayari.

Aja kelelen nek agi nunggang montor mabur ndonga sing angel-angel ben awake dewek selamet genduk tempat tujuan. Pokoke iklasna bae apa sing arep katekanan. Men ora ana beban.



Poto udara di sekitar Jawa Timur
 Nang nduwur iki gambar Gunung Merbabu nang Jawa Timur. Munggah gunung bae wis krasa duwur, apa maning munggah lewih duwur maning. Dewek dadi keton lewih gede.
Pesawat Lion seteleh mendarat di Bandara Supadio Pontianak
 Gambar nang nduwur gue pas agi nang Pontianak. Jarene "Supadio" gue bandara internasional. Tapi, nek dideleng sekang fasilitas ye isih biasa-biasa bae.

Gambar garis-garis, hutan yang sudah diblok untuk keperluan industri

Nek nang nduwu dadi ngerti kaye ngapa sebenere bumi sekang nduwur gue. Ye paling ora lewih kenal kaye apa bentuke lemah sing biasane dipidek nang dewek.

Lion Air di Bandara Soekarno Hatta
 Paling ora, dewek ngerti mlakune majune teknologi. Montor mabur isine mung teknologi. Jarene salah siji teknologi sing ruwet ye teknologi montor mabur. Misale, wesine bae nggawene nganggo akeh teori, apa maning alat sing liyane.

Kota Denpasar darii atas

Lamuke kaye wedus. Tapi wedus sing agi mabur. Asem tenan lamuke ora bisa di tunggangi. haha

Kupang, Eltari
Dari kiri (koko, krisna, lutfi, alit, amel)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

No Porn, Racism, Sadism

Makan Bersama di Lombok Namanya Begibung

     Halo, teman-teman! Kali ini saya mau berbagi pengalaman saya yang pernah mendapat undangan makan dari teman dalam rangka maulid nabi. A...

Populer, Sist/Broo